Minggu, 06 Januari 2013

SYIIR KH ALI MASKUM KRAPYAK

Eling-eling siro manungso
Nemenono nggonmu ngaji
Mumpung durung katekanan
Malaikat juru pati

Awak-awak wangsulono
Pitakonku marang siro
Seko ngendi siro iku
Menyang ngendi tujuanmu


Kulo gesang tanpo nyono
Kulo mboten gadah sejo
Mung kersane Kang Kuwoso
Gesang kulo mung sak dermo


Gesang kulo sak meniko
Inggih wonten ngalam dunyo
Dunyo ngalam kerameyan
Isine apus-apusan


Yen sampun dumugi mongso
Nuli sowan Kang Kuwoso
Siang ndalu sinten nyono
Jer manungso mung sak dermo


###


Urip donyo ora suwe
Bakal ngalih panggonane
Akherat nggon sejatine
Mung ngamal becik sanguine


Sowanmu mring pangeranmu
Sopo kang dadi kancamu
Sarto opo gegawanmu
Kang nylametake mring awakmu


Kulo sowan maring pangeran
Kulo ijen tanpo rowang
Tanpo sanak tanpo kadang
Bondo kulo katilaran


Yen manungso sampun pejah
Uwal saking griyo sawah
Najan nangis anak simah
Nanging kempal mboten betah


Senajan bebondo-bondo
Morine mung sarung ombo
Anak bojo moro tuwo
Yen wis ngurug banjur lungo


Yen urip tan kabeneran
Bondo kang sapirang-pirang
Ditinggal dinggo rebutan
Anake podo keleleran


###

اللهـــمَّ صـــــلِّ على  #  محمدْ شَــــافِعِ الأَناَمْ
وآلـــــــــــه وصحبِــــه  #  وَسَلِّـمْ عَلَى الدَّوَامِ

Yen sowan Kang Moho Agung
Ojo susah ojo bingung
Janji ridlone pengeran
Udinen nganggo ngamal


Ngamal soleh ora mung siji
Dasare waton ngabekti
nDerek marang Kanjeng Nabi
Muhammad Rasulullahi


mBangun turut ing wong tuwo
Sarto becik maring tonggo
Welaso sak podo-podo
Mulango marang ing popo-popo


Yen ngendiko ngati-ati
Ojo waton angger muni
Raqib-‘Atid kang nulisi
Gusti Allah Kang Ngadili

###

لا إلـــــــــه إلا الله  #  لا إلـــــــــه إلا الله
لا إلـــــــــه إلا الله  #  محمدٌ رسولُ الله

Ojo dumeh sugih bondo
Yen pangeran paring loro
Bondo akeh tanpo guno
Dokter mung ngereko doyo


Mulo mumpung siro sugih
Tanjakno jo wigah-wigih
Darmo jo ndadak ditagih
Tetulung jo pilih-pilih


Mumpung siro isih waras
Ngibadaho kanti ikhlas
Yen leloro lagi teko
Sanakmu mung biso dungo


Mumpung siro isih gagah
Mempengo nyengkut jo wegah
Mongko siro yen wus pikun
Ora nelongso karo getun


Mulo konco do elingo
Uripmu sing ngati-ati
Mung sepisan ono dunyo
Yen wus mati ora bali


Gusti Allah wus nyawisi
Islam agomo sejati
Tatanan kang anyukupi
Lahir batin amumpuni


Kitab Qur’an kang sampurno
Tindak Nabi kang pertelo
Sinaunen kang pramono
Sing sregep lan ojo ndleyo


Duh Allah Kang Moho Agung
Mugi paduko maringi
Ngibadah kelawan pitulung
Mergi leres kang mungkasi


Amin Amin Amin Amin
Ya Allah Rabbal ‘Alamin
Mugi Paduko ngabulno
Sedoyo penyuwun kulo



Oleh H. Hilmy Muhammad

Pengasuh Pondok Pesantren Krapyak

0 komentar:

Posting Komentar

BOLEH KOMENTAR KOK APAPUN ITU